Karangan, Ager-Ager Khas Bantul



Karangan yoiku salah sijining panganan khas Kabupaten Bantul seko daerah Kecamatan Kretek, panganan iki digawe seko bahan utamane rumput laut. Ora kabeh uwong asli Bantul ngerti lan tau ngrasakake panganan karangan iki sebabe karangan mlebu kuliner jajanan pasar kang langka mung ono ing Pasar Turi, Sidomulyo, Bambanglipuro, Bantul lan Pasar Ngangkruksari, Parangtritis, Kretek, Bantul.

Panganan Karangan iki wujude koyo ager-ager sing diolah kanti tradisional lan rasane ora legi ananging tawar rodo gurih yen dipangan kroso banget tekstur seko rumput laute mak kres kenyil-kenyil, ambune rodo amis lan biasane dipangan bareng karo bothok kambil kang rasane gurih pedhes.

Post a Comment

0 Comments